Tegesing Tumpeng Menggono ing Rasulan Bumi Sajung Dloko
maz_yon 06 Agustus 2025 07:05:41 WIB
Tepus (desatepus.gunungkidulkab.go.id) – sampun limrah ing adat bersih dusun utawi kasebat rasulan, mesti wonten tumpeng ageng ingkang dados sarat sarana kangge tetenger utawi pralampita panyuwunan para warga.
Ing rasulan Bumi Sajung Dloko ingkang sampun lumampah dinten Senin Pon kala wingi, tumpeng menggono ugi kacawisaken minangka geneping satataning adat rasulan.
Tumpeng menika wau kaperang saking mawarni-warni inggih menika : sekul tumpeng ageng, seblak (sapu sada), sapit deling (Ind : bambu), panggang sriti, lempeng tela, lan pantun wulu.
Miturut pangandikanipun para sepuh, bab-bab menika wau anggadhahi teges piyambak-piyambak minangka wedharing panyuwunan.
- Sekul Tumpeng Ageng : kadadosan saking sekul-sekul ingkang dipun bekto para warga ingkang kawastanan masang, dipun kempalaken minangka pralampita manunggaling sedya warga Bumi Sajung Dloko inggih menika Padukuhan Walangan, Kanigoro, Dongsari, lan Pacungan.
- Seblak/sapu sada gerang : minangka pralampita dados alat kangge nyingkiraken rereget ing tlatah wewengkon Bumi Sajung Dloko
- Sapit Deling : minangka dados pager saking sedaya sukerta sukerti suker sakit
- Lempeng tela : minangka tulak balak utawi tameng saking sedaya bab ingkang badhe mbebayani kawula ing Bumi Sajung Dloko.
- Panggang Sriti : kadadosan saking peksi sriti ingkang dipun panggang, dados pralampita kekajengan suburing olah tetanen. Peksi Sriti menika satunggaling peksi ingkang mboten badhe damel risak hasil tani.
- Pantun Wulu : minangka panyuwunan kanthi bersih dusun utawi rasulan menika, para warga ingkang dados petani badhe pikantuk panen ingkang sae ing tahun ingkang badhe lumampah.
Sedaya menika wau namung satunggaling “kiasan” panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ugi dados bukti lestarining satata adat warisanipun para leluhur.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- UMKM Batik Klangenan Padukuhan Gembuk Ikuti GCB Fashionshow 2025 di Alun-alun Wonosari
- Video : Trailer Kampung Permainan Tradisional Trosari
- Video Trailer Kampung Permainan Tradisional Trosari Raih Juara II Digital Talent Award 2025
- Pengumuman Lowongan Pegawai BUMDESMA MEKARSARI TEPUS LKD
- Logo Hari Jadi Gunungkidul ke-195
- Surat Sekretariat Daerah tentang Peringatan Hari Jadi ke-195 Kabupaten Gunungkidul
- Kalurahan Tepus Ikuti Sosialisasi Program SAKA JATI dari Inspektorat Daerah Gunungkidul