Sri Mulih, Lampahing Carios ing Ruwatan Rasulan Tepus
maz_yon 22 Agustus 2025 13:21:11 WIB
Tepus (desatepus.gunungkidulkab.go.id) - ing tilas tlatah Kalurahan Tepus sanesipun Singkil Ngasem inggih punika Tepus I, Tepus II, Tepus III, Jeruk, lan Klumpit adat rasulan dipun lampahi warga masyarakat wonten ing dinten Jemuah Legi ing mangsa labuh kapat (antawis wulan Agustus-September). Miturut satata adat, Rasulan Tepus nembe saged dipun lampahi sak sampunipun Rasul Singkil Ngasem. Bab menika amarga kalih padukuhan menika ingkang dados padukuhan paling sepuh ing tlatah Kalurahan Tepus wekdal rumiyin. Tata caranipun, ing dinten Jemuah Legi siang para warga sami makempal wonten ing bale kalurahan lami (sakmenika dados gedung Posyandu) kanthi mbekto dhedhaharan sak wontenipun ingkang kasebat masang rasul. Ing papan menika sak mangkenipun badhe dipun adani genduren (kenduri, dhahar kembul) ingkang dipun pangarsani salah setunggaling tokoh adat.
Sakderengipun adicara genduren rasul kalawau, badhe dipun wiwiti kanthi mbabar ringgit wacucal (wayang kulit) minangka ruwatan desa. Minangka dalang ingkang nindakaken ruwatan inggih menika Ki Tugiran. Mboten saben dalang dipun keparengaken nglampahi wayang ruwatan menika, ananging kedah dalang ingkang sampun turun temurun. Carios ingkang kababar dening Ki Tugiran inggih menika Sri Mulih, ingkang nyariosaken kados pundi Dewi Sri lan Raden Sedana saged uwal saking pangriduning Bethara Kala. Sedaya warga ingkang ngasto masang rasul wau sami lenggah nenggo ing wingking pakeliran. Sak sampunipun wayang ruwatan rampit kababar, dipun lajengaken kanthi ritual genduren utawi slametan. Sak mangke sedaya warga ingkang ndherek genduren badhe pikantuk bageyan pantun sekedhik. Miterat kapitadosan masyarakat pantun menika sakmangke badhe dados wiji ingkang sepisan dipun tanem ing sabin utawi tegalan, kanthi pangajab saking berkah rasulan menika wau panen ing warsa menika badhe pikantuk hasil ingkang kathah lan sae.
Sak sampunipun ruwatan lan genduren rasul, acara Rasulan Tepus sejatosipun sampun pari purna. Ananging kading kala taksih dipun lajengaken kanthi nanggap ringgit wacucal sedalu natas ing wekdal dalunipun. Ing mriki namung minangka panglipur, mila ingkang dados dalang mboten sami nanging miterat hasil pirembagan kanthi prabeya dipun sengkuyung sedaya warga ing tlatah gangsal padukuhan kala wau.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Mutasi Pejabat di Gunungkidul, Panewu Tepus Berpindah Tugas ke Purwosari
- Sebanyak 194 Pejabat Dilantik Menduduki Jabatan Baru Oleh Bupati Gunungkidul,
- Sosialisasi Pengisian Pamong Kalurahan Tepus Putaran Ketujuh di Padukuhan Klumpit
- Suhu Udara Panas Landa Sejumlah Wilayah di Indonesia, BMKG Ungkap Penyebabnya
- Jamaah Masjid An Nuur Pacungan Bergotong Royong Siapkan Alat Perbaikan Menara Masjid
- Bumil Kembali Dapatkan Pengetahuan Melalui Kelas Ibu Hamil di Puskesmas Pembantu Tepus
- Kalurahan Tepus Mengikuti Rapat Rekonsiliasi Pendapatan Bagi Hasil